Laman

Rabu, 11 Desember 2013

Teks MC Musyawarah (Basa Jawi)



اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَ كَاتُهُ
اَلْحَمْدُ لِلهِ رَبِّ الْعَاَلَمِيْنَ. وَبِهِ نَسْتَعِيْنُ عَلَى اُمُوْرِ الدُّنْيَا وَالدِّيْنَ. وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى اَشْرَفِ الْاَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ. وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْنَ. اَمَّا بَعْدُ
Ingkang sepindah monggo-monggo kito tansah muji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat soho hidayah dumateng kito sedoyo sehinggo kito saget angrawuhi kempalan wonten ndalu puniko.
Mboten kasupen sholawat soho salam mugi katetepno dumateng junjungan kito Nabi Muhammad SAW ingkang kito wantu-wantu syafa’atipun mbenjang wonten yaumul kiyamah. Amin.

Gegandengan wedal sampun dungkap ndalu mongo acoro ing ndalu puniko enggal kito awiti. Ananging sakderengipun kito awiti kulo minonggko pranoto adicoro bade maosaken menggahing susunan acoro ingkang bade kito lampahi.
Acoro kaping:
1.     Pembikaan
2.     Waosan surat Yasin soho kalimah toyyibah
3.     Arisan
4.     Istirahat
5.     Musyawarah
6.     Lain-lain
7.     Panutup
1.  Monggo-monggo acoro wonten ndalu puniko kito bikak sesarengan kanti waosan ummulkitab.
لِرِضَاءِ اللهِ وَلِشَفَاعَةِ رَسُوْلِ اللهِ. الفاتحة
C  Mugi-mugi kanti waosan suroh al-fatihah puniko acoro sak lajengipun mboten wonten alangan setunggal punopo.amin.

2.     Acoro kaping kalih inggih puniko waosan surah Yasin soho kalimat toyyibah. Dumateng mbak...................wedal soho papan kawulo semangga aken.
C  Kawulo aturaken matur nuwun dumateng mbak..................ingkang sampun kerso mimpin waosan surah Yasin soho kalimat toyyibah. Mugi-mugi piyambakipun pinaringan ganjaran sakng AllahSWT lan lelumeber dumateng kito sedoyo.

3.     Kito lajengaken acoro kaping tigo. Inggih puniko arisan.Dumateng mbak sekertaris wedal soho papan kawulo semangga aken.
C  Kawulo aturaken panuwun dumateng mbak sekertaris.

4.     Acoro ingkang kaping sekawan inggih puniko istirahat.
Poro lenggah sedoyo,meniko ingkang kagungan dalem maringi sadaqah, arupi unjukan soho daharan, mugi-mugi ganjaran anggenipun sodaqah saget kangge ngentun leluhuripun ........ (Tuan Rumah). Amin..
Sakderengipun kito ngunjuk soho dahar, amrih tambah barakahipun monggo kito awiti sesarengan kanthi maos do’a:
اللَّهُمَّ بَارِكْ لَنَا فِيْمَا رَزَقْتَنَا وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. آمِيْنَ
C  Mboten ngirangi anggenipun istirahat,kito lajengken acara sak lajengipun.

5.     Acara kaping gangsal inggih puniko musyawarah
Dumateng mbak ketua/wakil ketua/ingkang mewakili kulo aturi mimpin musyawarah .wekdal soho papan kulo sumanggaaken.
C  Matur nuwun dumateng mbk ketua/wakil ketua ingkang samoun mimoin musyawarah.

6.     Kita lajengaken acara kaping 6 lain-lain.dumateng mbak bendahara,wekdal soho papan kolu sumanggaaken.(matur nuwun)

7.     Kito lajengaken acara kaping terakhir penutup.ananging sakderengipun kulo tutup saking kolu pribadi katah kehilafan sak estu kolu nyuwun agunging pangapunten.


C  Monggo-monggo acara kolu tutup kanti waosan hamdalah
( alhamdulillahirobbil ‘alamin )
Kula akhiri
Wassalamu ‘alikum wr. wb